Wis suwe Suto melu urip ing Pecinan, dadi tukang resik-resik omahe kaluwarga-kaluwarga katurunan China. Kadhang kala Suto uga dikon ngecet pager, sulam-sulam kentheng utawa ngumbah pit motor lan mobil. Bayarane ditampa saben bubar nyambut gawene.
Kabeh warga katurunan China ing Pecinan kuwi kaya wis dadi sanak kadange Suto. Kabeh padha sumeh marang Suto. Nalika Suto lagi ambruk jalaran kena memala saengga ora bisa nyambut gawe, akeh warga Pecinan banjur padha mara tilik Suto ing omahe sing ana ing desa.
Saiki umure Suto wis ngancik 40 taun. Nanging dheweke isih jaka, ora tau yang-yangan. Yen ana sing takon geneya dheweke emoh rabi utawa yang-yangan, Suto ora mangsuli, mung mesem wae. Kamangka pawakane Suto kuwi gagah tur praupane ya bagus.
Malah satenane akeh prawan ing Pecinan sing meneng-meneng kesengsem marang Suto, nanging kabeh ora wani blaka suta ngaku tresna jalaran wis kebacut ana sawijine tradhisi yen ana prawan ing Pecinan gelem dirabeni dening wong lanang Jawa mangka bakal dijothak selawase dening kaluwargane lan sanak kadange kabeh. Tradhisi kuwi ngemot kaweden yen wong wadon katurunan China dirabeni dening wong lanang Jawa bakal bisa nelangsa jalaran bisa pegatan utawa ditinggal rabi maneh.
Ana sawijine prawan ing Pecinan sing wis suwe kesengsem marang Suto saengga emoh dirabeni dening wong lanang liya, banjur dadi prawan kasep. Jenenge Titin. Umure 38 taun.
Sawijine sore nalika Suto lagi ambruk kena flu, Titin gelem tilik. Titin mara ing omahe Suto, mobile disupiri dhewe, ora ana kancane, saengga bisa guneman karo Suto sakloron wae jalaran Suto uga dhewekan manggon ing omahe wiwit bapak-ibune suwargi.
Titin pancen sawijine warga ing Pecinan sing wis misuwur dadi prawan kasep sing urip dhewekan manggon ing omahe, jalaran papah lan mamahe uga wis suwargi. Titin banjur nekat takon marang Suto sing padha-padha urip lola.
“Kang Suto. Aja nesu ya, Aku arep takon. Geneya Kang Suto ora rabi?”
Suto mesem karo nyawang praupane prawan kasep sing ayu kuwi. Banjur Suto ganti takon marang Titin. “Lha geneya Cik Titin uga tetep isih legan?”
Titin mesem sajak isin. Pipine banjur katon mbranang saengga dadi katon tambah ayune.
“Lho kok meneng wae? Aku ya njaluk ngapura yen pitakonku dianggep lancang.” Suto ngomong maneh karo nyawang praupane Titin sing katon tambah ayu lan manis. Suto kesengsem, nanging jalaran dheweke uga ngrumangsani dadi wong lanang sing mlarat mangka ora wani ngaku tresna marang Titin sing ayu tur sugih kuwi. Suto ngreti yen Titin sugih kuwi jalaran kerep resik-resik omahe sing tingkat loro katon magrong-magrong. Titin uga duweni omah maneh sing disewa kanggo kantor cabang sawijine bank swasta. Titin uga duwe mobil sing mulus kinclong-kinclong sing jarene regane meh tekan Rp1 miliar.
Saben dina Titin nganggur wae neng omah. Suto rada gumun geneya Titin tetep legan kamangka ayu tur sugih?
“Aku ora payu. Durung ana wong lanang sing ngarepake awakku.” Titin mangsuli pitakone Suto karo mesam-mesem sajak ngemot rasa tresna.
“Aku uga durung tau duwe yang jalaran aku pancen mlarat kaya ngene. Pancen lumrah yen ora ana wong wadon sing gelem dijak urip mlarat.” Suto ngomong kanthi suwara abot jalaran ngemot rasa isin lan minder marang Titin.
“Satemene wiwit biyen ana wong wadon sing kesengsem marang Kang Suto, uga gelem dirabeni.” Titin ngomong maneh sing sajak gawe mongkog atine Suto.
“Ya nek ngono padha. Satenane uga ana wong lanang sing wiwit biyen kesengsem marang Cik Titin, nanging ora wani ngaku tresna, kuwatir nek ditampik.” Suto rumangsa saya wani nyamohi prawan kasep sing wis suwe kepengin dirabeni senajan beda suku lan beda kelas sosial ekonomi karo dheweke kuwi.
Titin banjur wani tawa pijet marang Suto. “Kang Suto, aku mrene iki pancen kepengin tilik, uga nek bisa aku kepengin mijeti utawa ngeroki awakmu supaya cepet mari.”
Atine Suto langsung saya mongkog. Suto banjur mengkureb ing amben supaya Titin bisa mijeti gegere.
Titin banjur mijeti gegere Suto. Karo mijeti gegere Suto, Titin crita yen dheweke wis suwe kesengsem marang Suto. Yen saiki dheweke lagi wani ngomong jalaran papah lan mamahe wis suwargi lan kabeh sedulure wis padha omah-omah ing kutha liya. Kabeh sedulure bakal sarujuk yen dheweke bebojowan karo wong lanang sapa wae sing ditresnani lan uga tresna. Ora preduli beda suku lan beda kelas sosial ekonomi. Malah sedulure kabeh wis tau ngakon dheweke dadi manten karo Suto. Kabeh sedulure pancen wis ngreti sapa Suto kuwi jalaran nalika isih legan uga padha urip ing Pecinan kuwi. Pokoke kabeh warga sing urip ing Pecinan kuwi wis tau srawung karo Suto senajan amung nyapa aruh utawa guneman sakkecap rong kecap.
Suto kepengin nangis nalika ngrungokake critane Titin sing blaka suta kuwi. Banjur Suto wani ngaku yen dheweke uga satenane wiwit biyen tresna marang Titin. Malah Suto ora bakal rabi yen ora karo Titin.
“Nek ngono awake dhewe pancen wis jodho, Kang Suto. Mula katresnan iki kudune cepet-cepet diresmekake. Prakara agama kita ora padha, ora usah dadi alangan. Sing penting tansah rukun lan padha-padha duweni pangerten.” Titin sajak bungah atine jalaran Suto uga wis wani blaka suta ngaku tresna.
Suto banjur tangi njenggirat. Rasa lesu greges-greges lan ngelune langsung ilang blas. Ora mamang maneh, Suto banjur wani ngrangkul Titin, lan ngesun pipine prawan kasep sing kinyis-kinyis kuwi. Titin uga banjur wani ngelus-elus gulune Suto nalika pipine disun dening jaka sing wis suwe ditresnani kuwi.
“Kapan awake dhewe ningkah?” Suto takon kaya ngono jalaran dheweke rumangsa kalah sakabehane ing ngarepe Titin.
Titin mangsuli kanthi swara sing tandhes. “Suk ngepasi Cap Go Meh!”
***
Ing dina kaping 15 sabubare Taun Anyar Imlek sing misuwur disebut Cap Go Meh kuwi, Suto lan Titin dadi manten. Resepsi-ne digelar ing plataran omahe Titin sing jembare kaya lapangan tenis. Kabeh warga ing Pecinan diundang. Semono uga tangga teparone Suto ing pelosok desa uga padha diundang.
Pasugatan sajrone resepsi manten kuwi digelar kanthi cara prasmanan. Menune macem-macem. Ana lonthong opor ayam sing wis kondhang dadi menu khas prayaan Cap Go Meh. Ana sega gurih, sate ayam, sate wedhus, sate kerang, soto, bakso lan liya-liyane.
Seni barongsai lan campursari digelar kanggo ngramekake resepsi manten. Jebule kabeh warga ing Pecinan padha sarujuk lan gelem paring pangestu marang manten loro sing beda suku lan beda kelas sosial ekonomi kuwi. Kabeh warga padha ngreti yen katresnan kang sejati pancen bisa ngasorake samubarang prakara sing maune dadi alangan utawa ngalang-alangi katresnan.
Malah akeh sing padha bungah jalaran mantene Suto lan Titin bisa gawe guyub rukun kabeh warga Pecinan karo warga ing kampung liyane. Akeh sing kandha yen tradhisi nyegah lan nampik jejodhowan beda suku lan beda kelas sosial ekonomi ing mangsa saiki wis ora mathuk maneh.
Suto lan Titin lungguh jejer, tansah mesem-mesem, katon bungah banget.
Maria Magdalena Bhoernomo
Sumber: Solopos.com. 10 Februari 2012
Tags: Cerita Pendek Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa
Posting Komentar
Posting Komentar