Bebek Ngendok Emas

Ono petani sing ora duwe opo-opo. Duwene mung lahan sing ora sepira ambane  lan bebek siji. Masiha mlarat, ananing pak tani sregep nyambut gawe. Hasile lumayan, iso nyukupi kebutuhane awake lan iso makani bebek-e.

Sawijining dina, pak tani keluwen. Kamangka ora ono panganan blas sing iso dipangan kanggo ganjel wetenge. Pak tani nyenyuwun karo Gusti sing murbeng dumadi, supaya deweke diwenehi banda donya sing akeh, ben ora keluwen maneh koya dina kuwi.

Dilalah kersane ngalah, panyuwune pak tani kinabulan. Bebek siji-sijine sing diduwene, moro-moro ngendok emas murni. Pak tani bungah banget. Emas mau didol nang kutho. Baline pak tani nggawa duwit akeh lan sebagian ditukokne barang-barang kebutuhane.

Saben dina bebek-e ngendok emas murni siji. Suwe-suwe pak tani sugih kaya dene raja nang desane. Duwite ditukokne lahan pertanian sing amba banget. Pak tani uga mbangun lahan peternakan. Omahe dibangun mewah. Ngidap-ngidapi sing nyawang.

Ananging, banda ndonyo sing tekane gampang kuwi nyilakani. Pak tani dari srakah. Kepinginane ora cukup yen mung endoq emas siji sedino. Deweke mikir, endog emas kuwi sakmestine asale saka wetenge bebek. Bebek-e dibeleh, ananging pak tani ora nemokne emas sing dipengini.

Saiki bebek siji-sijine kuwi mati. Pak tani dadi kaya wong gemblung. Bendinane mung getun kok mateni bebek-e. Suwe-suwe pak tani uga seneng main gaple, lan minum minuman keras. Ngalekke getune awake.

Suwe-suwe, bandane pak tani saya entek. Pak tani dadi mlarat meneh.

PRANALA

Tags: Fabel Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa