Tuladha Pidato: Pernikahan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.

Soho poro tamu undangan walimatul urs lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking tiyang sepuh ( wali ) kemanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin..

Kaping tigonipun, keranten Bpk. ( wali )  meniko wahu boten saget ngeteraken utawi nyowanaken putri kakungipun dateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten kerepotan ingkang boten saget dipun tinggal.

Poro rawuh ingkang kulo hormati.

Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundhi amrih sahene. Keranten Mas ( suami ) inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate omah-omah pramilo menawi wonten dalem mriki Mas (suami) katah klenta-klentunipun kulo suwun supados dipun arahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saget tentrem bahagia dunnyo akherat.

Ingkang terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun kawulo sak rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes ingih nyuwun tamahipun pangestu, mugi-mugi kulo sak rombongan wangsul sangking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo. Amin..

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tags: Contoh Pidato Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa