Tuladha Pidato: Khitanan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun para pepundhen, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak Ibu para rawuh sedaya ingkang kinurmatan. Keparenga kula semela atur munggel kamardikan panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.

Kula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Gusti, dene ing wekdal menika saged nindakaken pawiwahan sunatan putranipun ingkang nama ( . . . ) Salajengipun Bapak ( . . . ) sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun nglonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika.

Salajengipun kulawarga Bapak ( . . . ) ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon Bapak ( . . . ) sakulawarga mboten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged ngaturaken agunging panuwun mugi Gusti Ingkang Akarya Jagad ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel kesaenan panjenengan wau.

Kaping sekawan, Bapak ( . . . ) sekaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipun ingkang dipunsunahaken inggih menika ( . . . ) ing dalem ngriki. Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun lan ing tembe sageda dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin.

Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur saking Bapak ( . . . ) sakulawarga menawi anggenipun nanggapi rawuh panjenengan sedaya kirang mranani penggalih, kersa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking kula pribadi kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangapunten, matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tags: Contoh Pidato Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa