Tuladha Pidato: Atur Pasrahan Panganten

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan.
Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula bekteni.

Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak………………..(ingkang mengku damel) kekalih. ingkang sepisan : ngaturaken salam taklimipun mugi kunjuk dhumateng bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha ibu…………….(besan) sakaluwarga tansah

pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri panganten kakung ingkang peparap bagus Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara……………….putra putrinipun Bapak………………….(besan).

Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-

puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,
mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan, selajengipun sadaya kula sumanggakaken masa borong panjenengan.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun!

Tags: Contoh Pidato Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa