Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa

Khutbah I

اللهُ أَكْبَرُ (٩×) وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ.
اللهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيرًا، وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَتَمَّ عَلَيْنَا فَضْلَهُ وَنِعْمَتَهُ بِفَرْحَةِ الْعِيدِ وَبَهْجَتِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللهِ وَرَسُولُهُ، اللّٰهُمَّ فَصَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيمًا كَثِيرًا.
أَمَّا بَعْدُ : أُوْصِيْكُمْ عِبَادَ اللهِ وَنَفْسِي بِتَقْوٰى اللَّهِ، قَالَ تَعَالَى: وَإِبْرَاهِيمَ إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ اعْبُدُوا اللهَ وَاتَّقُوهُ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ. أَيُّهَا الْـمُسْلِمُونَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ :« إِنَّ أَعْظَمَ الْأَيَّامِ عِنْدَ اللهِ يَوْمُ النَّحْرِ ,أَيْ مَنْ أَعْظَمَ اْلأَيَّامَ، نَتَقَرَّبُ إِلَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ فِيْهِ بِالْأَضَاحِي، عَمَلًا بِقَوْلِهِ تَعَالَى: فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ

Maasyirol muslimin rohimakumulloh. 

Monggo kito sami ngunjuaken rahos syukur kito wonten Ngarso dalem Allah ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan ugi kawilujengan sahinggo wonten ing wekdal injing puniko kito taksih saged nindakaken ngibadah sholad riyoyo idul qurban. Sholawat soho salam, mugi tansah konjuk dhumateng Kanjeng Rasul Muhammad lumeber dhumateng kawulowergo, sohabatipun ugi tiyang-tiyang engkang sami midherek sunnahipun. Salajengipun, sumangga kita tansah ningkataken taqwa kito dateng Allah , kanthi nindakaken dhawuh lan nilar sedaya awisanipun

Maasyirol muslimin rohimakumulloh.

Ing wekdal puniko kito kito sami-sami nindaki ibadah sholat Idul adha kados kalih wulan kepengker, kanthi méngeti kondisi pandemi. Kawontenan kados mekaten puniko mboten namung kito kiambak, hananingn sedherek-sedherek muslim sak indening bawono ugi ngalami kacintakan kados mekaten, makhluk alit engkang mboten ketingal ndadosaken kondisi ndunyo beneh kaliyan adate. Kito kados gesang ing kawontenan engkang serba nyar (new), mboten namung jamaah sholat Id kemawon, ngibadah haji kang adate ngebaki plataran masjidil harom, sak meniko namung dipun lampahi deneng pinten-pinten tiyang kemawon. Ewondene mekaten puniko kedah merhatosaken protokoler kesehatan engkang langkung ketat.    

Allahu akbar-Allahu Akbar – Allahu Akbar walillahil hamd.

Ma’asyirol muslimin Rahimakumullah.

Kurban miturut toto boso dipun pendet saking kata Qoruba, engkang artosipun “caket/celak” dados sejatine dinten riyoyo idul adha puniko méngetaken dhateng kito supadat nyaket marang Gusti kang Murbo ing Dumadi. Langkung-langkung ing kawontenan kados puniko. Kawontenan engkang nuntut kito kedah sadar kanthi coro nambahi anggenipun taqwalloh. Kewan engkang kito kurbanaken puniko wujud utawi bukti bilih kito puniko tiyang engkang taqwalloh, ing ancasipun taqwa punikolah engkang badhe dumugi utawi nggampilaken angsal Ridhanipun Allah . Kados dawuhipun Allah ing surat Al-Hajj ayat 37 :

لَنْ يَنَالَ اللهَ لُحُومُهَا وَلا دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ

Daging-daging unta lan getihe iku ora bakal nemoake Ridhani Allah, hananing ketaqwaan iro kabeh kang biso nggayuh Ridhane Allah”. (Al-Hajj: 37)

Allahu akbar Allahu akbar Allahu akbar walilllahil hamd
Ma’syirol muslimin rahimakumullah
ing tengah-tengah pandemi kados saah puniko qurban minongko utami kagem masyarakat ekonomi lemah. Sebab pinten-pinten sektor perekonomian sami kéngéng dampakipun sahinggo katah sedherek-sedherek kito engkang sami kethetheran kebetahanipun, kedah ngupoyo pados ma’isyah kagem nyukupi kebetahan saben dintenipun. Lha ing ngibadah qurban enjing puniko saged kito saged mbuktékaken kepedulian kito dhateng sesami umat Islam, engkang insya Allah saged ndongkrak jayanipun Islam lan masyarakat sami solid, sang soyo ngencengaken tali pasedherekan lan persartuan kito. Kanthi nindakaken ngibadah qurban sang soyo nambah kesadaran kito bilih bondho engkang kito gadahi puniko mboten mligi gadahan kito. Ampuno bondho, nyowo lan badan kito, pun sejatine mboten gegadahane kito, hananging sedoyo puniko kagungan Alloh.  
Punikolah kioto kedah belajar mawi sejarahipun kanjeng nabi Ibrahin as, engkang tulus lan ridho ngurbanaken putra kesayanganipun isma’il kagem Alloh. Hal puniko Panjenenganipun kanjeng nabi Ibrahim sadar bilih hakikat diri, bondho prabeyo, nyowo puniko kagungane Dzat kang nyipto jagad.      
Allahu akbar Allahu akbar Allahu akbar walilllahil hamd
Ma’syirol muslimin rahimakumullah
Bondho engkang kito miliki puniko sedayane kagungane Allah, lan ing sajroning bondho kolo wahu wonten hak-ipun tiyang sanes. Kanikmatan engkang kito raosaken mboten badhe kirang lan ical yen kito purun sailng berbagi. Kito kedah sadar bilih hakikat peparing puniko nampi. Kito ampu  kuwatos kanthi nindakaken kurban lajeng kito dados tiyang miskin utawi mlarat sebab kecalan setugel bondho. Yakinlah bilih qurban puniko wujud raos syukur kito dhumateng Allah lan kito bakale ngunduh wohing amaliyah kito. Allah sampun dawuh:

وَإِن تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ

“Lamun siro podho ngitung nikmat kang diparingake Allah, yekti siro kabeh ora biso podho ngitung saking katahe. Saktemen Allah puniko Dzat engkang Moho Pagapuro lan Moho Welas”. (QS: An-Nahl : 18)

Ing akhiripun monggo kagem tiyang engkang sampun mampu enggal-enggalo nderek kurban, lan engkang dereng mampu ampun ragu kanthi terus menerus menebar kesahenan minongko wujud syukur kito marang Gusti kang paring panguripan.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مَنْ اَلآيٰاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Khutbah II
اَللهُ أَكْبَرُ. (٧×)                         
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
عِبَادَاللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر


Sumber: estungkaran.blogspot.com
Tags: Contoh Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa