Mengko dhisik, dak waspadakake kok kaos iki ora beres ya. Jebul nggon kelek wis suwek. Kaos kuwi dak selehake. Aku nemu dhastere Ibu. Jebul kahanane meh padha. Jaitan perangan ngisor wis padha dhedhel dhuwel.
Jam sewelas wengi wis kliwat. Bapak lagi mirsani bal-balan Indonesia vs Thailand. Sejatine Bapak sing ditonton televisi, wong Bapak sare. Aku ngoreksi tugase para mahasiswa.
Krenteg atiku arep ngrampungke koreksi, nanging mripatku wis ora gelem nyawang tulisan-tulisan thirik-thirik sing luwih memper sandhi rumput. Kertas-kertas garapane para mahasiswa kuwi dak selehake ing pinggir kasur ing jogan.
Aku banjur nonton bal-balan nanging ora kesengsem amarga wus main semono suwene kok ora ndang gol. Pangiraku paling bubare ya kosong-kosong.
TV dak jarke muni ngancanci Bapak. Jebul ing kranjang akeh kumbahan sing durung dilempiti. Kranjang dak junjung. Isine dak lempiti siji mbaka siji.
”Iki kumbahan wis pirang dina kok akehe sagunung anakan? O, jebul akeh-akehe klambine adhiku,” batinku.
Dhasare adhiku kuwi senengane mung dolanan HP. Angger didhawuhi ibu apa wae ya semaur inggah-inggih nanging kerep-kerepe ya ora kepanggih. Ibu pancen ora seneng ngumbahi nganggo mesin cuci.
Ngendikane Ibu, jare ora resik yen ngumbah clanane Bapak sing kebak blethok saka sawah kuwi nganggo mesin cuci. Sepira akehe kumbahan, Ibu mesthi ngumbahi dhewe nganggo tangan.
Umbah-umbahe ya saselane Ibu. Sok-sok rong dina pisan. Sok-sok utawa telung dina pisan. Yen saben dina umbah-umbah ngendikane Ibu boros amarga listrike akeh kanggo ngurupake sanyo.
Dak delok ibu wis sare ing kamar, katon angler. Aku bali nglempiti klambi-klambi mau. Ya, ana klambine adhiku lan klambiku. Meh seprapat jam nglempiti sing dak temu mung klambine adhiku lan klambiku, durung nemu klambine Ibu utawa Bapak.
Kranjang mau banjur dak suntak, isine dak ulet ben campur. Tenan, saiki sing dak lempiti ana klambine Bapak nanging mung rong lembar, kaos lan kathok sadhengkul. Dak goleki maneh, dak odhal-adhul ya ora nemu. Saiki aku nggoleki klambine Ibu, dak klumpukake ora ana 10 lembar.
”Jan-jane Ibu karo Bapak iki salin klambi ora ta ya?” batinku karo nglempiti klambine Ibu.
Kaos selembar dak jereng ing pangkonku banjur dak lempit. Mengko dhisik, dak waspadakake kok kaos iki ora beres ya. Jebul nggon kelek wis suwek. Kaos kuwi dak selehake. Aku nemu dhastere Ibu. Jebul kahanane meh padha. Jaitan perangan ngisor wis padha dhedhel dhuwel. Wernane uga wis kluwus.
”Dhuh Gusti, kok aku ora tau maspadakake klambine Bapak lan Ibu,” mak prempeng luhku netes siji loro, suwe-suwe deres.
Aku kelingan jaman biyen nalika aku umur wolung taun, kelas II SD. Aku kepingin ditukokke klambi babydoll gambar boneka Pandha, maneka rupa wernane. Ana biru, kuning, oranye, lan abang.
Kanca-kancaku padha duwe, tukune ya mung ing bakul mindring minggonan. Aku ngerti amarga nalika kanca-kancaku ditukokke aku uga ing kono, nanging ibuku ora ana. Ibu lagi ing sawah ngrewangi Bapak.
Wektu iku Bapak pancen tani 100%. Durung duwe dhuwit cukup kanggo nukokake klambi anyar. Esuk, awan, lan sore Bapak lan Ibu ing sawah. Ibu lan bapak kondur saka sawah mesthi saben meh surup.
”Bu, aku kepingin klambi kaya nggone Ayuk, Fitri, karo Arik kae, Bu. Suk yen panen tumbaske ya?” panjalukku wektu kuwi
”Iya, mengko yen wis panen dak tukokake. Kowe mau wis nyapu durung? Hayo nyapu dhisik, arep oleh samubarang kuwi kudu usaha,” wangsulane Ibu ngeyem-yemi aku.
Jan-jane ya arep ditumbasake tenan apa ora aku wis ora nggagas sabanjure. Sesuke nalika mulih sekolah ing kursi kayu cedhak meja sing biyasa kanggo mangan ana tas kresek ireng. Dak bukak jebul isine klambi kaya duweke kanca-kancaku.
Wernane kuning, ya ana gambar boneka Pandha. Atiku seneng. Aku banjur nggoleki Ibu. Jebul Ibu isih ing sawah, durung kondur. Klambi iku banjur dak anggo. Aku dolan nggone kancaku. Atiku bungah banget.
Saiki klambine Bapak lan Ibu suwek lan bolong wae aku ora ngerti. Aku ora maspadakake. Jan-jane Bapak lan Ibu iki kahanane ora kaya biyen. Bisa nyekolahake aku nganti S2. Omah gedheg jogan lemah saiki wis malih dadi gedhong lan keramikan. Kok ya ora ana krenteg mundhut klambi dhewe.
Aja-aja pancen aku sing ora gemati marang wong tuwaku? Kudune saiki kuwi tugasku minangka anak. Dhuh Gusti, aku saiki mung ketok-ketoken gaweyan. Seminar mrana seminar mrene. Tuku iki tuku kuwi sing dak pengini.
Nanging, aku lali yen sikil sing dak anggo ngadeg lan kursi sing dak lungguhi saiki iki asile Bapak lan Ibu meres kringet esuk, awan, lan sore kanggo aku. Dak sawang bapakku sing sare ing ngarep televisi, katon sayah.
Rambute saya akeh sing putih. Sanadyan kahanane wis seje, nanging semangat lan tandang gawene isih padha. Eluhku saya deres. Aku banjur nyawang Ibu sing sare ing kamar. Padha, katon sayah, saya tuwa.
Jan-jane aku ya kerep mulih nanging kok ora tau maspadakake yen ibuku wis tuwa. Apa malah aku ora kepingin ibuku dadi tuwa? Klambi-klambi sing dak lempiti banjur dak lebokake lemari, klebu lemarine Bapak lan Ibu.
Lemarine Bapak lan Ibu katon seje karo lemariku utawa lemarine adhiku. Apa pancen wong tuwa ki kaya mangkono? Mikirake anak nganti ora mikirake awake dhewe? Kaos bolong lan dhaster sing suwek iki dak simpen minangka pangeling-elingku marang Ibu lan Bapak sing ngukir jiwa lan ragaku, nggulawenthah aku nganti dadi kaya saiki.
”Ibu lan Bapak ora nyangoni bandha donya kanggo uripmu, nanging Bapak lan Ibu ibu tansah nyengkuyung apa sing dadi gegayuhanmu, sekolaha, dadiya wong sing migunani,” ngono ngendikane Ibu lan Bapak ing maneka kahanan lan wektu.
Lemari klambi dak tutup. Eluhku sing dleweran dak usap. Aku mapan turu ing sisihe ibuku. Ora ana sing kleru, arepa umurku wis 27 taun aku tetep anake ibuku sing sah njaluk kelon. Muga-muga sing dadi sedyane Bapak lan Ibu kelakon. Mripatku merem.
Winda Dwi Lestari
Dosen Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa
Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan
Universitas Sebelas Maret Solo
Sumber: Solopos. 22 Mei 2020
Tags: Cerita Pendek Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa
Posting Komentar
Posting Komentar