Dina kuwi, Harun kaya adate disangoni ibune Rp2.000. Padatan dhuwit sangune kuwi uga ajeg entek kanggo jajan. Sing Rp1.000 dinggo jajan nalika ngaso lan turahane kanggo jajan nalika mulih sekolah. Kadhang kala sisane dhuwit mau kanggo tuku dolanan sing didhep bakul ideran ing ngarep SD-ne Harun.
Satekane omah, ibune mesthi uga takon rena-rena. Komplit. Wiwit wulangan ing sekolahan, ana PR utawa ora, neng sekolahan mau jajan apa lan sapiturute. Nanging dina kuwi ana sing beda. Nalika ibune takon ngenani sangune, Harun mangsuli yen dhuwit sangune mau isih wutuh.
“Hla kok isih wutuh ta Le? Apa kowe ora jajan?”
“Mboten Buk. Niki nembe ajar nglumpukke dhuwit”.
“Walalalah….anake Ibuk wis ajar nabung ta?”
“Hehehe”.
“Arep mbok nggo tuku apa Le?”
“Nggih wonten Buk. Nanging sakniki Harun dereng saged matur”.
“Ya wis. Ora apa-apa. Sing penting ora nganeh-anehi wae”.
“Nggih Buk”.
***
Ora krasa wis seminggu Harun ngampet ora jajan. Kabeh sangune dicelengi ing celengan jago kang dituku nalika Sekaten mbiyen. Harun pilih sangu maem dhewe saka omah kanggo jagan-jagan yen luwe ing sekolahan.
Sawijining wengi, Ibune arep niti priksa kamare Harun. Padatan jam 19.30 WIB Harun wis turu angler. Mula anggone mbukak lawang kamare Harun kanthi alon-alon. Ibune samara yen Harun mengko keganggu turune.
Nalika lawange dibukak sithik, ibune setengah kaget jalaran weruh Harun lagi ndonga ing ndhuwur sajadah. Ibune banjur masang kuping, kepengin krungu apa sing dadi pandongane Harun wengi kuwi. Lamat-lamat ibune mireng pandongane Harun.
Kurang luwih kaya mangkene:
Ya Allah
Nyuwun pangapunten menawi kula mboten blaka kaliyan Ibuk
Sapunika kula nembe nglumpukaken arta
Mboten ajeng kula kangge napa-napa
Kula kepengin numbaske tas enggal kangge Jono
Kula mesakne kalih Jono
Saben dinten sekolahe mboten mbetha tas
Bukune amung dicangking ngangge kresek
Ya Allah
Kula kepengin nulungi Jono
Nanging arta kula nembe angsal Rp12.000
Kamangka regi tas paling murah Rp30.000
Nyuwun tulung Ya Allah…
Sadurunge Harun ngrampungi pandongane, ibune wis ora tekan atine. Ibune trenyuh banget karo isi pandongane Harun. Dheweke ora ngira yen anake kuwi nduweni rasa welas asih kang ngluwihi bocah sakumurane. Ora krasa netes luh ing pipine. Mula, ibune enggal nyingkir supaya ora konangan Harun.
Ing batine, ibune rumangsa mongkog atine marang Harun. Sanajan isih kelas V SD nanging wus duwe kawigaten marang sepadhane. Mligine marang wong sing ora duwe utawa lagi nandhang kasusahan. Ibune dhewe ora pirsa sapa kuwi Jono sing disebutke Harun ing pandongane. Nanging saka isi dongane Harun mau, ibune langsung nyandhak manawa Jono kuwi kanca sekolahe Harun. Bocahe saka kulawarga ora duwe. Lha wong sekolah wae ora duwe tas. Buku-bukune dicangking nganggo kresek. Jan nggrantes tenan.
Udakara setengah jam candhake, ibune banjur nyoba mlebu kamare Harun maneh. Ibune kepengin weruh apa sing saiki dilakoni Harun. Kanthi alon-alon, ibune mbukak lawang kamare Harun. Diinguk separo, jebul Harun wis krubutan kemul ing ndhuwur amben. Sajake wis angler tenan.
Ibune marani Harun sing wis nglipus kuwi. Rambute banjur dielus-elus lan bathuke diambung kanthi asih. Nalika arep mbenakke kemule Harun, tangane ibune nyenggol barang atos ing njero kemul. Nalika dipriksa, jebul celengan jago. Celengan iku dikekep Harun sinambi mapan turu.
Kanthi alon, ibune banjur ndhudhut celengan jago iku lan diselehake ing ndhuwur meja belajare Harun. Ibune mesem nyawang celengan jago kuwi. Let sedhela, ibune nglebokke arta Rp 10.000 cacah loro ing njero celengan kuwi.
***
Esuk-esuk Harun tangi turu, langsung kaget jalaran ora nemokake celengan jagone sing ndhek mau bengi dikekep. Nanging Harun banjur ayem nalika meruhi celengane ana ing ndhuwur meja belajare. Apese, nalika diranggeh, celengan kuwi malah tiba lan ambyar. Byarrrrrr….!!!!
“Ana apa Le!! Esuk-esuk kok wis rebut!” pambengoke ibune.
“A..aa..anu Buk. Ngapunten, niki celengan kula dhawah. Ambyar,” semaure Harun karo isih ngucek-ucek mripate.
“Owalah..Ya wis ayo gek ndhang diresiki”.
“Nggih Buk”.
Harun age-age njumputi cuwilan celengan sing ambyar tekan ngendi-endi kuwi. Ora lali, Harun uga njumputi dhuwit-dhuwit sing sumebar. Nalika nyambi ngetung gunggunge dhuwit iku, Harun kaget.
“Hlo kok cacahe ana Rp32.000?” Harun nggumun. Sakelinge dhuwit ing celengane amung ana Rp12.000. Geneya saiki malih dadi Rp32.000.
“Alhamdulillah. Aku bisa luwih cepet nukokake tas Jono,” batine Harun. Ndilalah wae saiki dina Minggu. Bubar adus, Harun banjur matur marang ibune.
“Ibuk, kula nyuwun tulung diterke ten toko tas nggih? Kula kepengin tumbas tas”.
“Oh…iya Le. Hla apa tasmu kuwi wis rusak, kok arep tuku tas anyar?” pitakone ibune ethok-ethok ora ngerti.
“Anu Buk. Ngapunten. Kula sakniki jujur. Kula wingi nglumpukke dhuwit sangu sekolah, nggih kangge niki. Kangge tumbas tas. Nanging sanes kangge kula kok Buk. Niki dingge Jono. Kula mesakne kalih Jono. Mboten gadhah tas dingge sekolah,” piterange Harun.
“Oh..iya Le. Ya wis yen ngono. Ibuk seneng yen kowe gelem tetulung kaya ngene iki. Ora marang Jono thok. Nanging marang sapa wae sing mbutuhake pitulungan. Tur, kowe ya aja meneng-menengan wae. Critaa karo Ibuk. Mbokmenawa Ibuk bisa mbiyantu. O iya. Lha apa dhuwitmu cukup Le?”
“Hehehehe…Lha nggih niku Buk. Kula niki taksih nggumun. Wong saben dinten kula nyelengi Rp2.000. Jarak seminggu lak kudune nglumpuk Rp12.000. Nanging nalika celengan kula ambyar mau, kok arta kula malih wonten Rp32.000.”
“Ya kuwi rejekine wong sing gelem tetulung marang liyan. Wis ora usah dipikir. Saiki ndhang mangkat tuku tas wae. Yen prelu, si Jono ditukokke buku lan piranti sekolah liyane. Ben dikompliti sisan wae. Mengko Ibu sing nambahi”.
“Wa…nggih Buk. Matur nuwun”.
Sumber: Solopos.com. Kamis, 15 Maret 2012
Tags: Cerita Pendek Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa
Posting Komentar
Posting Komentar