Putraku Si Ande Ande Lumut. Temuruna ana putri kang unggah-unggahi...

LIRIK TEMBANG ANDE-ANDE LUMUT

Putraku Si Ande Ande Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger, sing ayu rupane
Klenting Abang iku kang dadi asmane

Duh ibu, kula mboten purun
Aduh ibu, kula mboten medun
Najan ayu sisane si Yuyu Kangkang
Putraku si Ande, Ande Ande Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger, sing ayu rupane
Klenting Ijo iku sing dadi asmane

Duh ibu, kula mboten purun
Aduh ibu, kula mboten medun
Najan ayu sisane si Yuyu Kangkang
Putraku si Ande, Ande Ande Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger, sing ayu rupane
Klenting Biru iku sing dadi asmane

Duh ibu, kula mboten purun
Aduh ibu, kula mboten medun
Najan ayu sisane si Yuyu Kangkang

Putraku si Ande, Ande Ande Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, kang ala rupane
Klenting Kuning iku kang dadi asmane

Aduh ibu, kula inggih purun
Kang putra inggih badhe medun
Najan ala menika Kang putra suwun

Tags: Lagu Bahasa Jawa, Melestarikan Budaya Jawa